Menyang kontèn

Al-Zahrawi

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Owahan 10 Juni 2017 17.42 déning Rachmat04 (parembugan | pasumbang) (busak cithakan, per Special:Diff/1146451; panggantèn kosmètik)
Abul Qasim az-Zahrawi

Al-Zahrawi ya iku penemu penyakit hemofhilia lan pelopor pembedahan modern.[1] Al-Zahrawi lair taun 936 ing Cordoba, Andalusi (spanyol).[1] Jeneng lengkape ya iku Abu al-Qasim Khalaf ibn Abas Al-Zahrawi.[1] Dhèwèké dikenal minangka dhokter ahli bedhah kang urip ing mangsa Khalifah Abdur Rahman II ing Cordiva, Spanyol.[1] Akèh penemuan kang didadekake rujukan déning kedhokteran modern nganti sperene.[1] Wong Barat, biyasane nyebut dhèwèké kanthi aran AlBucais utawa Albucasis.[1] Al-Zahrawi ora mung dhokter bedah biyasa, dhèwèké uga sawijining ilmuwan kang nemokake werna-werna piranti bedhah kang dadi prototipe piranti bedah modern.[1] Werna-werna penemuane ana ing sawijining karya ensiklopedia monumental kanthi irah-irahan At-Tasrifliman “Arjaza ‘an at-Ta’lif (buku Pedoman Kedhokteran) kang kandele 1500 kaca.[1] Ing buku iki, Al-Zahrawi ngrembag babagan cara-cara bedhah.[2] Dhèwèké uga nglompokake 325 lelaran, gejala, sarta cara nambanine.[2] Jilid kang pungkasan ngemot pirang-pirang diagram lan gambar kang cacahe luwih saka 200.[2] Buku iki diterjemahake kanthi basa latin déning Gherard of Cremona. Saliyane iku, buku iki uga diterjemahake nganggo basa Inggris, Prancis, lan Yahudi.[2] Nganti seprene buku iki isih dadi rujukan wigati ing kurikulum kedhokteran Éropah.[2] Al-Zahrawi tinggal dunya taun 1013 kanthi ninggalake gagasan wigati ngenani kedhokteran.[3]

Cathetan suku

  1. a b c d e f g h [Muchlisin Asti, Badiatul, dkk. 2009.105 Tokoh dan Perintis Dunia.Yogyakarta:Narasi Hal. 40]
  2. a b c d e [Muchlisin Asti, Badiatul, dkk. 2009.105 Tokoh dan Perintis Dunia.Yogyakarta:Narasi Hal. 41]
  3. [Muchlisin Asti, Badiatul, dkk. 2009.105 Tokoh dan Perintis Dunia.Yogyakarta:Narasi Hal. 42]